Selasa, 13 Mei 2014

Cerita Cekak Basa Jawa

SASI OKTOBER


Adi Soemarmo International Airport, 5 Oktober 2014

Wes udakara rong jam olehku lungguh ing ruang tunggu iki. Aku nginguk jam, 19:03. Opo aku salah panggonan yo? Tak ulati papan sing murup ing dhuwur kana. Domestic Departures. Ora salah. Mas Kenny mau ngomong yen jadwal mangkate pesawat di delay, utawa ditunda amarga kahanan. Daksawang meneh papan ing duwur kana, Citilink | Balikpapan | Delayed | 19:30. Ealah, isih setengah jam maneh. Aku njur ngadek lan marani salah siji kafe ing kono. Karo nyruput kopi ing cangkir, daksawang  awang awang. Ora mendung, mung mbulane pas ora ndadari , dadine rada peteng. Daktamatke lintang cilik kelap kelip ing dhuwur kana. Ora krasa wes setengah jam. Aku krungu pengumuman menowo pesawat wes landing. Aku nunggu njur ngadeg lan nyedak menyang gerbang, lan ngenteni metune Mas Kenny. pawongan iku mudhun seka eskalator, nganggo topi putih, lan nyangklong backpack sek ra bakal daklalekake, uga kacamata full frame. Senadyan ora ketemu 3 tahun, aku ora lali karo pawakane. Pawongan bagus iku nyedak menyang aku. “Arifah, ora lali karo aku kan?” . “Wah, Mas Kenny tambah lemu saiki? Makmur ya mas urip neng nglembara?”. “Sanajan makmur, nanging ora cedhak wong tuwa, iku yo nelangsa kok, Dik”. Duh, pawongan iku nyeluk aku dik? Aku ora salah krungu? Biasane nek ulu mung nganggo jeneng ngarepku thok. Saiki ditambahi dik? “Iki sek mapak mung kowe thok?”. Pitakone Mas Kenny mbuyarke lamunanku. “Inggih Mas, monggo, mobile diparkir pas neng ngarep kana.”

  SMA Negeri 1 Karanganyar, 5 Oktober 2007


Jenengku Arifah Nur Pratwi. Kancaku padha nyeluk aku Arifah, tapi okeh uga sek nyeluk Tiwik. Wes sak karep karepe lah, sing penting iku uga termasuk jenengku. Aku kelas 2 SMA saiki, lan sekolahku neng kene iki. SMA 1 Karanganyar. Sakjane mbiyen aku ora gelem sekolah ing kene, gandheng nuruti apa sing dikarepake dening bapakku, akhire aku manut. Mitrut bapakku, sanadyan aku slaha sawijining bocah sing nduweni good grades, aku durung bisa tamtu bersaing karo bocah bocah liyane, menawa aku sekolah ing Sala. Kajaba iku, uga masalah transportasi sing diributke bapakku. Bapakku ora ngolehke aku indekos, amrga aku kalebu bocah sing males. Tekan saiki, aku isih nduweni prestasi sing lumayanlah, sanadyan ora banget nyenengke ati. Malesku sekolah ing kene iki yo mung siji, akeh kanca SMP sing mlebu rene. SMP ku kalebu SMP favorit ing tlatah Karanganyar, semono uga SMA iki, uga kalebu sekolah favorit. Apamaneh akeh sing populer neng SMP 1, mlebu maneh ing SMA 1. Hah, yoweslah. Sing penting aku ora gawe keributan
 Aku meh nemoni kancaku, si Ulil, kanggo nyerahke flashdisk sing tak jilih dekwingi, nganti aku ketemu karo Mas Kenny ing koridor. Mas Kenny karo kancane, aku karo Deliana. Aku wes disikut marang Deliana, amarga dhewekw uga wes reti perkara aku karo Mas Kenny. Ndilalah, ora ana udan ora ana angin, Mas Kenny mung nglewati aku tanpa mesem utawa nyapa. Njur bar papasan, aku mung meneng. Sakjane aku salah opo, nganti dheweke ora gelem aruh aruh. Akhir akhir iki, Mas Kenny dadi labil. Yen menawa dheweke lewat ora bareng kancane, njur dheweke gelem aruh aruh. Menawa ora tak gagas, bengine dheweke bakalan SMS aku lan protes, ngopo kok aku ora aruh aruh. Aku bingung. Pawongan iki tau ninggalake tatu ing atiku, pas SMP mbiyen. Sanadyan wes natu neng ati, aku tetep ra iso lali karo pawongan siji kuwi. Mbuh aku kena aji ajian opo piye, ananging aku ngrasa nek dheweke kuwi angel dilalekake. Sanadyan aku wes nyoba golek pelarian, aku tetep wae ra iso. Wes lah rasah dipikir. Wektu istirahat selak entek, lan aku bakalan rung sido ketemu Ulil mengko.
Mas Kenny iku kalebu kakak kelasku, ananging, yen meneri umur, aku let 2 tahun karo dheweke. Pancen ora adoh, menawa kanggo pawongan sing wis rada diwasa, nanging kanggoku sing isih SMA iki, kuwi cukup adohlah. Pas Perpisahan utawa Prom kae, aku yo mung bisa ndongakke muga muga Mas Kenny antuk sekolah sing dikarepke, lan mugo aku bisa enggal melu nyusul.

6 tahun candhake....


Wisudaku iki tanpa ditekani dening Mas Kenny, sing nglembara menyang Balikpapan kawit 2 tahun kepungkur. Sandyan dheweke janji arep bali menyang Jawa, ananging aku durung krungu kabare. Selama 2 tahun iki, aku uga nyoba golek pawongan sek iso nyejajari Mas Kenny. Nanging uga ora iso. Sandyan aku dichedaki dening okeh pawongan sek ora kalah bagus, Mas Kenny tetep ora iso mlayu saka pikiranku. Embuh menawa dheweke mblenjani janji lan milih wanodya liya. Nanging, menawa mengkono kedadeyane, aku yo ikhlas. Ah, mboyak lah. Sing penting apa sik dak citak citakake kawit cilik iku bisa kelakon. Arifah Nur Pratiwi, S.Ked. Wuih, mentereng tenan. Alhamdulillah, iku uga merga dongane kabeh kulawarga ku, ingkang sakpenuhe ndukung lan nduduhi aku dalan sek becik.
Udakara seminggu sakwise wisuda, aku ketekan kanca lawas. Akeh banget sing padha dolan. Aku ngulatkesalah sijine pawongan ing kono. Erwin? Batinku. Kok enek kene?aku banjur nyedhak pawongan siji mau. “Arifah, isih kelingan aku kan?”. “Erwin yo? Sek dekmben IPS 2?”. “Iyo, wah isih kelingan berarti.”
Bar kuwi, aku saiki dadi luwih cedhak karo Erwin. Nyelot suwe saya raket, karo kaya pacare dhewe kae. Aku njut mikir, apa iki ganti sing pener? Apa ya iki gantine Mas Kenny iku? Aku nyoba mikir positip wae. Mungkin bener iki gantine Mas Kenny. Mungkin iyo iki jodho sik pas karo aku. Mula, nalika Erwin ngutarakke maksud atine, aku ora nolak. Nanging kenapa aku durung mnateb? Nanging, aku tetep njijal dhisik. Nalika aku lagi mangan awan bareng Erwin, dumadakan hapeku muni, tandha enek pesan masuk. Dakswang layar hapeku. Mas Kenny. Geneya wong iki? Ngopo ndadak ngubungi akiu meneh? Dakwaca pesan kuwi mau
“ Dik, aku oleh bali menyang sliramu meneh? Aku bali neng Jawa suk sasi Oktober. Yo, sasi Oktober. Sasine awakdhewe ketemu, pisah, lan bakalan ketemu maneh“
Mak deg. Aku bingung, aku kudu kepiye. Aku karo Erwin saiki, kok ngopo dumadhakan Mas Kenny bali meneh menyang uripku. Hape dak selehake maneh. Erwin sing bingung ngulati polahku, banjur takok, “ sapa tha Dik, kok sajake penting.”. “Mas, ayo nggal mulih wae, rumangsaku kok awakku dadi rapenak.” Duh Gusti, kepiye lakonku iki? Aku kudu milih sek endi?





Sak dalan dalan, aku nyawang lintang sing isih kelap kelip ing dhuwur kana. Lintang sasi Oktober. Daksawang pawongan sing lungguh neng sampingku. Sanadyan ora sebagus Chris Pine utawa Benjamin Walker, priyayine nduweni ketangkasan kaya Michael Jordan. Sasi Oktober. Sasi sing dadi timbal balike uripku udakara  7 tahun iki. Sasi sing ndadekake atiku dadi separo, amarga separone wes dakpasrahke dening Mas Kenny. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar