Selasa, 13 Mei 2014

Cerita Cekak : Alas Gung Liwang Liwung




  ALAS  GUNG LIWANG LIWUNG
    
      Ing dina Kemis Wage, Alma lan Ashraf pit-pitan ngubengi desane.Wektu iku dheweke ora mlebu kuliah amarga prei.
Ana ing pinggir dalan gedhe,ana wit ringin kang gedhe banget.Ana wacana kang nyritakake bab Wayang Kulit  ing desa kidul “Raf,ana Wayang Kulit  lho  ing dina Jumuah Kliwon sesuk ing Desa Astana, nonton ya ?”, pitakone Alma.Ashraf njawab, ”Lha ning dina Jumuah Kliwon ki? gek kudu ngliwati alas amba.”  Alma ngeyel, ” Ora apa-apa, jirih, padune wedi, ya mengko ngajak Mahendra wae,mesthi gelem!”  “Ya wis lah,ngono ya kenek.” Dheweke terus mulih.
Kemis sore Alma lunga menyang omahe Mahendra. ”Assalamu`alaikum,Ndra,aku Alma!” Alma nyeluk. Mahendra metu, ”Ngapa Ma?Kok njanur gunung kowe rene?”  “Sesuk jam lima nonton Wayang Kulit ing desa kidul,ya?” Mahendra njawab, ”Ma, lha ning kudu ngliwati alas amba ki? Ngendikane Ibuku kuwi angker.” Alma nyaut, ”Alah Ndra, kowe isih percaya ta? Kuwi ki mung apus-apusan.Ora mungkin, kuwi ki ben kowe ora dolan metu ka ngomah.”   “Mmm,ya wis lah aku gelem.” Mahendra nyauri.
Esukke jam papat, Alma, Ashraf, lan Mahendra adus. Ashraf lan Alma ngampiri Mahendra. ”Ndra, ayo mangkat, selak telat lho!”  “Iya tak pamit wong tuwaku sik.”  Mahendra banjur pamit, ”Bu,Pak kula ajeng nonton Ringgit Wacucal rumiyin nggih.”   “Iya Le,ngati-ati,mengko mulih sadurunge punjul saka jam rolas ya!”,pitutur Ibune Mahendra. ”Iya Le bahaya!”  Bapake Mahendra nambahi. ”Nggih Pak,Bu maturnuwun.Assalamu`alaikum.” “Wa`alaikumsalam.”

Ashraf,Alma lan Mahendra mangkat jam lima sore. Lelakon menyang Pagelaran Wayang Kulit mandheg ana ing sawijining masjid ing desa  Astana. ”Magrib sik ya,mengko ditutugge maneh!” Ashraf ngajak kancane. ”Ya iya,sholat sik,bener kuwi!”, Kanca-kanca. Sawise iku ditutugge maneh.
Teka kana jam setengah sanga bengi. Nanging Wayang urung diwiwiti. Setengah jam bocah telu iku mangan ana swijining ‘HIK’. Swasana bengi rame banget. Sliwar-sliwering penonton ana ing kana nambah reramening pagelaran.
Wayang diwiwiti jam sanga bengi. Dhalange lucu lan mbanyoli. Acara dipungkasi jam luwih jam loro esuk. Ora mung Wayang Kulit sing dadi pagelarane,tibake nanggap Campursari lan Kethoprak.
Jam sewelas bengi, Mahendra kelingan piwelinge wong tuwane. Banjur mulih karo Ashraf. ”Ma, ayo mulih, alase angker lho!” pocape Mahendra lan Ashraf.  ”Alah, wegah aku mulih jam loro wae, muliha sik, ra apa-apa!”    “Awas lho ya, nek ana apa-apa aku ra tanggungan lho!”, saurane bocah loro iku.   ”Okeh,beres Bung!”
Acara wis rampung. Alma mulih ora ana kancane. Nanging bocah kuwi nekad Liwat ana tengah dalan Alas Gung Liwang Liwung. Rumangsane dalane saya suwe saya cilik lan sempit. Kiwa tengene wit-witan gedhe. Sumilir angin wengi nambah swasana kang anteng. Teka tengah dalan pit montor duweke Alma rusak. “Rasane lak dhek wingi wis dak dandani, kok rusak maneh ya?” Alma terus midhuk. Sliwar-sliwering lawa ana ing langit nambah rasa wedi ing dadane Alma. Swasana mendhung pratandha arep udan.
Alma leren ana ing ngisor wit ringin gedhe. Ora let suwe, ana swara bedhil ing angkasa. Alma ngadeg. Ana barisan rapi Tentara kang nggawa bedhil.  ”Prok...Prok...Prok...” barisan rapi tentara tanpa sirah mlaku pas ana ngarepe Alma. Alma kaku mbegegeg pucet. Ora ana semeter jarake karo barisan lelembut iku. Kira-kira mung 30 senti jarake. Tentara tanpa mustaka iku ngubengi Alma kaping pitu. Alma kaget nyawang barisan rapi Tentara Jepang kang gluprutan getih, awake sibel dhedhel dhuwel bolong-bolong bekas tembakan, ana sing ora duwe sikil, astane puthul lan kabeh ora duweni mustaka.
Alma langsung mlayu nunjang palang nuntun pit montore. Tentara iku baris lan ngucit Alma. Teka pinggir Alas, pit montore distarter lan Alma mlayu. Kira-kira 15 meter saka Alas Gung Liwang Liwung, Alma noleh lan wis ora ana barisan lelembut iku. Banjur Alma teka ngomah.
Setu esuk Alma crita marang Ibune lan Bapakke. Jaman biyen akeh tentara Jepang kang seda perang ing kana,Le.Mula ngati-atiya!”  Ibu lan Bapakke Alma.
Alma dolan menyang omahe Mahendra. Ashraf ya padha. Alma nyritakake bab Alas Gung Liwang Liwung iku menyang kanca-kancane. Ibune Mahendra nyedhak lan nyritakake perkara iku. Critane padha karo Ibune Alma. Mahendra ngucap syukur Alhamdulillah amarga manut pitutur wong tuwane.   
                        




 Dening : Nimas Latifatul D.A
      

Tidak ada komentar:

Posting Komentar