Ing dina Kemis Wage, Alma lan Ashraf pit-pitan ngubengi
desane.Wektu iku dheweke ora mlebu kuliah amarga prei.
Ana ing pinggir dalan gedhe,ana wit ringin kang gedhe
banget.Ana wacana kang nyritakake bab Wayang Kulit ing desa kidul “Raf,ana Wayang Kulit lho
ing dina Jumuah Kliwon sesuk ing Desa Astana, nonton ya ?”, pitakone
Alma.Ashraf njawab, ”Lha ning dina Jumuah Kliwon ki? gek kudu ngliwati alas
amba.” Alma ngeyel, ” Ora apa-apa,
jirih, padune wedi, ya mengko ngajak Mahendra wae,mesthi gelem!” “Ya wis lah,ngono ya kenek.” Dheweke terus
mulih.
Kemis sore Alma lunga menyang omahe Mahendra. ”Assalamu`alaikum,Ndra,aku
Alma!” Alma nyeluk. Mahendra metu, ”Ngapa Ma?Kok njanur gunung kowe rene?” “Sesuk jam lima nonton Wayang Kulit ing desa
kidul,ya?” Mahendra njawab, ”Ma, lha ning kudu ngliwati alas amba ki?
Ngendikane Ibuku kuwi angker.” Alma nyaut, ”Alah Ndra, kowe isih percaya ta? Kuwi
ki mung apus-apusan.Ora mungkin, kuwi ki ben kowe ora dolan metu ka ngomah.” “Mmm,ya wis lah aku gelem.” Mahendra nyauri.
Esukke jam papat, Alma, Ashraf, lan Mahendra adus. Ashraf
lan Alma ngampiri Mahendra. ”Ndra, ayo mangkat, selak telat lho!” “Iya tak pamit wong tuwaku sik.” Mahendra banjur pamit, ”Bu,Pak kula ajeng
nonton Ringgit Wacucal rumiyin nggih.”
“Iya Le,ngati-ati,mengko mulih sadurunge punjul saka jam rolas
ya!”,pitutur Ibune Mahendra. ”Iya Le bahaya!” Bapake Mahendra nambahi. ”Nggih Pak,Bu
maturnuwun.Assalamu`alaikum.” “Wa`alaikumsalam.”
Ashraf,Alma lan Mahendra mangkat jam lima sore. Lelakon
menyang Pagelaran Wayang Kulit mandheg ana ing sawijining masjid ing desa Astana. ”Magrib sik ya,mengko ditutugge
maneh!” Ashraf ngajak kancane. ”Ya iya,sholat sik,bener kuwi!”, Kanca-kanca.
Sawise iku ditutugge maneh.
Teka kana jam setengah sanga bengi. Nanging Wayang
urung diwiwiti. Setengah jam bocah telu iku mangan ana swijining ‘HIK’. Swasana
bengi rame banget. Sliwar-sliwering penonton ana ing kana nambah reramening
pagelaran.
Wayang diwiwiti jam sanga bengi. Dhalange lucu lan
mbanyoli. Acara dipungkasi jam luwih jam loro esuk. Ora mung Wayang Kulit sing
dadi pagelarane,tibake nanggap Campursari lan Kethoprak.
Jam sewelas bengi, Mahendra kelingan piwelinge wong
tuwane. Banjur mulih karo Ashraf. ”Ma, ayo mulih, alase angker lho!” pocape
Mahendra lan Ashraf. ”Alah, wegah aku
mulih jam loro wae, muliha sik, ra apa-apa!”
“Awas lho ya, nek ana apa-apa aku
ra tanggungan lho!”, saurane bocah loro iku.
”Okeh,beres Bung!”
Acara wis rampung. Alma mulih ora ana kancane. Nanging
bocah kuwi nekad Liwat ana tengah dalan Alas Gung Liwang Liwung. Rumangsane
dalane saya suwe saya cilik lan sempit. Kiwa tengene wit-witan gedhe. Sumilir
angin wengi nambah swasana kang anteng. Teka tengah dalan pit montor duweke
Alma rusak. “Rasane lak dhek wingi wis dak dandani, kok rusak maneh ya?” Alma
terus midhuk. Sliwar-sliwering lawa ana ing langit nambah rasa wedi ing dadane
Alma. Swasana mendhung pratandha arep udan.
Alma leren ana ing ngisor wit ringin gedhe. Ora let
suwe, ana swara bedhil ing angkasa. Alma ngadeg. Ana barisan rapi Tentara kang
nggawa bedhil. ”Prok...Prok...Prok...” barisan
rapi tentara tanpa sirah mlaku pas ana ngarepe Alma. Alma kaku mbegegeg pucet. Ora
ana semeter jarake karo barisan lelembut iku. Kira-kira mung 30 senti jarake. Tentara
tanpa mustaka iku ngubengi Alma kaping pitu. Alma kaget nyawang barisan rapi
Tentara Jepang kang gluprutan getih, awake sibel dhedhel dhuwel bolong-bolong
bekas tembakan, ana sing ora duwe sikil, astane puthul lan kabeh ora duweni
mustaka.
Alma langsung mlayu nunjang palang nuntun pit montore.
Tentara iku baris lan ngucit Alma. Teka pinggir Alas, pit montore distarter lan
Alma mlayu. Kira-kira 15 meter saka Alas Gung Liwang Liwung, Alma noleh lan wis
ora ana barisan lelembut iku. Banjur Alma teka ngomah.
Setu esuk Alma crita marang Ibune lan Bapakke. Jaman
biyen akeh tentara Jepang kang seda perang ing kana,Le.Mula ngati-atiya!” Ibu lan Bapakke Alma.
Alma dolan menyang omahe Mahendra. Ashraf ya padha. Alma
nyritakake bab Alas Gung Liwang Liwung iku menyang kanca-kancane. Ibune
Mahendra nyedhak lan nyritakake perkara iku. Critane padha karo Ibune Alma. Mahendra
ngucap syukur Alhamdulillah amarga manut pitutur wong tuwane.
Dening :
Nimas Latifatul D.A